Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya nyatane arene cangkriman

Posted on

tolong jawab kakak
mau dikumpulin jam 8​

Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya nyatane arene cangkriman

JAWABAN DAN PEMBAHASAN

Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya nyatane arene cangkriman. . .

>> CANGKRIMAN PEPINDHAN.

  • Cangkriman iku kapérang dadi telu, yaiku:
  1. cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  2. cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  3. cangkriman kang ngemu surasa blenderan

a). Awujud tembung wancahan

Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contone:

  1. Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  2. Pak bomba, pak lawa, pak piyut : tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  3. Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  4. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot.
  5. Burnas kopen: Bubur panas kokopen.
  6. Gerbong tulis: Pager kobong watune mendhelis.
  7. Kicak ketan: Kaki macak iket-iketan.

b). Awujud pepindhan (emper-emperan)

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane. Contone:

  1. Sega sakepel dirubung tinggi : salak
  2. Pitik walik saba kebon : nanas
  3. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong : kates
  4. Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng.
  5. Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk: Jawab: Bunga (jantung) pisang
  6. Dikethok malah tambah dhuwur. Jawab: Celana panjang.
  7. Emboke wuda anake tapihan. Jawab: Pohon bambu dan anaknya

c). Awujud plesedan utawa blenderan

Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah. Contone:

  1. Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung).
  2. Biru bisane dadi wungu dikapakake?. Jawab: Digebuk
  3. Gajah numpak becak ketok apane? Jawab Ketok ndobose
  4. Wong dodol tempe ditaleni (Orang jual tempe diikat). Jawab: Yang diikat bukan orangnya tetapi tempenya (Orang jual tempe di pasar tradisional. Tempe dibungkus daun jati atau daun pisang kemudian diikat pakai tali bambu atau lainnya).
  5. Wong dodol klapa dikepruki (Orang jual kelapa dipukuli kepalanya). Jawab: Yang dikepruk bukan orangnya tetapi kelapanya (Orang jual kelapa di pasar tradisional).