Coba jelasna apa bedane sandhangan cecak karo sandhangan layar ! sebutna tuladhane?
⏺️ sandhangan cecak, digawe kanggo Aksara Nga ( mati ) ➡️ ꦁ
>> tuladha :
- cacing = ꦕꦕꦶꦁ
- beling = ꦧꦼꦮꦶꦁ
- payung = ꦥꦪꦸꦁ
- warung = ꦮꦫꦸꦁ
⏺️ sandhangan layar, digawe kanggo aksara Ra ( mati ) ➡️ ꦂ
>> tuladha :
- kamar = ꦏꦩꦂ
- bubar = ꦧꦸꦧꦂ
- capar = ꦕꦥꦂ
- Semar = ꦱꦼꦩꦂ
__________________________
Pembahasan
Sandhangan aksara jinise ana 3 :
1. Sandhangan swara :
- wulu = unine i ➡️ ꦶ
- Suku = unine u ➡️ ꦸ
- pepet = unine e ➡️ ꦼ
- taling = unine é ➡️ ꦺ
- taling tarung = unine o ➡️ ꦴꦺ
2. Sandhangan panyigeg wanda :
- wignyan = paten H ➡️ ꦃ
- layar = paten R ➡️ ꦂ
- cecak = paten ng ➡️ ꦁ
- pangkon = saliyane paten H, R lan ng ➡️ ꧀
3. Sandhangan wyanjana :
- cakra = sesulih ra ➡️ ꦿ
- keret = sesulih cakra lan pepet ➡️ ꦽ
- pengkal = sesulih ya ➡️ ꦾ
Detail Jawaban
- Mapel : Bahasa Daerah
- Kelas : 7
- Materi : Nulis Aksara Jawa
- Kode : 13
Sandhangan cecak kanggo paten : Ng
Tuladha :
- Pingpong
nggunakake sandhangan panyigeg wanda
Cecak.
ping _ aksara pa + wulu + cecak
Pong _ aksara pa + taling tarung + cecak
- Payung
Nggunakake sandhangan panyigeg wanda
Cecak.
pa _ aksara pa
Yung _ aksara ya + suku + cecak
- Kobong
Nggunakake sandhangan panyigeg wanda Cecak.
Ko _ aksara Ka + taling tarung
bong _ aksara Ba + taling tarung + cecak
Sandhangan layar kanggo paten : r
Tuladha :
- Pasar
nggunakake sandhangan panyigeg wanda layar.
pa _ aksara pa
sar _ aksara Sa + layar
- Janur
Nggunakake sandhangan panyigeg wanda layar.
Ja _ aksara ja
nur _ aksara na + suku + layar
- sepur
nggunakake sandhangan panyigeg wanda layar
se _ aksara sa + Pepet
Pur _ aksara pa + suku + layar
Pembahasan
_________________
Sandhangan jenise ana 3, yaiku :
- Sandhangan swara
- Sandhangan panyigeg wanda
- Sandhangan wyanjana
Sandhangan swara :
Sandhangan swara ana 5, yaiku :
- Wulu
- Pepet
- Suku
- Taling
- Taling tarung
Sandhangan panyigeg wanda :
Sandhangan panyigeg wanda ana 4, yaiku :
- Wignyan
- Layar
- Cecak
- Pangkon
Sandhangan wyanjana :
Sandhangan wyanjana ana 3, Yaiku :
- Cakra
- Keret
- Pengkal
Detail jawaban :
Mapel : Bahasa daerah
Kelas : 7
Kode kategorisasi : 7. 13. 7
Kata kunci : sinau aksara Jawa, mangerteni jenis sandhangan