Contoh 10ukara tembung parikan​

Posted on

Contoh 10ukara tembung parikan​

Penjelasan:

1. Bisa ngendang ora bisa nyuling

Bisa nyawang ora bisa nyanding

2. Ana brambang sasen lima

Berjuang labuh negara

3. Jemek-jemek gula jawa

Aja ngenyek padha konco

4. Kutha kendal kali wungu

Ajar kenal karo aku

5. Manuk tuhu mencok pager

Yen sinau mesthi pinter

6. Ngasah arit nganti landhep

Dadi murid kudu sregep

7. Wedang bubuk gula tebu

Mata ngantuk njaluk turu

8. Kembang kencur tinandur tepining sumur

Sapa jujur bakal luhur klawan makmur

9. Wong yen lagi naksir

Ora perduli sing ditaksir kenthir

10. Tawon madu ngisep sekar

Dadi guru kudu sabar

Jawaban:

1. Wajik kletik, gula jawa

Luwih becik, sing prasaja

2. Manuk tuhu, mencok pager

Yen sinau, dadi pinter

3. Kangkunge, diiris-iris

Senenge, ora uwis-uwis

4. Parine, wis lemu-lemu

Atine, wis kudu nesu

5. Esuk nakir sore nakir, Sing ditakir godhong plasa.

Esuk mikir sore mikir, Sing dipikir ra rumangsa

6. Kutha Sala dalane rame, Sri Wedari tengah prenahe,

Aku gela amarga kowe, Angger janji arang nyatane

7. Nyangking ember, kiwa tengen.

Lungguh jejer, tamba kangen.

8. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.

9. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.

10. Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.