Contoh geguritan murit
Bukuku, Guru-guruku
Anggitanipun Madagumilang
Saka rumangsaku ora ana rasa wegah nyandhing bukuku, guruku. Amarga yen
pinuju maca, mesthi bakal wewarah anyar sing dak tampa. Wis enggal
disinau lan dilakoni, ngendikane saben-saben maringi pituduh. Piwulang
iki, nalika dak takokke guru liyane: ya kuwi panggonan ing ngendi
pakaryan lan dongamu tumuju, wangsulane.
Yen mengkono, apa iki dudu ateges omahku? Sing latare biyen nate dak
gawe playon nganti tekan njero kamar, leren ambruk ndhuwur dipan. Mbok
ya disikep dhipet, aku isih bisa nemokake olehmu ndhelik. Kawruh kuwi
kanthi grayah-grayah tetep bisa dak gegem, ing pepeteng malah dadi cetha
dak ambu segere swara donga.
Mula nalika sok-sok tuwuh kekarepanku bakal luwih becik nglereni olehku
maca bukuku, guru-guruku iki, saben-saben kanca-kancaku maido: tanpa
dheweke, aku mung bakal nemoni aranmu, kawit biyen.
Mitraku,
yen tebih angangeni,
yen caket anggawe lerem ing manah,
yen ngandiko anambah kawruh kautamen,
yen sinebat anggawe enget mring Gusti Allah,
yen dineleng anggawe sareh ing pangalih.
Oh, kados puniku sajake mitra kang sajati
Bombong manah lamun saged andarbeni.
Ing ngendi papan dununge tak goleki…
RON GARING
Wengi sansaya atis
Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
Kang digawa dening angin
Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol prungu
Ananging isih mamring
Aku wis pingin cecaketan
Obormu kang makantar-kantar
Madhangi jangkah lan jagatku
Ana ngendi papanmu
Lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara
Aku kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagat peteng lelimengan
Krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep
Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahyamu
Pedhut ing sakindering pandulu
Panjenengan
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
Budhisetyawan,Palembang, 13 September 2006
Guru,
Kula emut panjenengan
Awit sanes langit naminipun,
Menawi mboten tepang pepeteng lan pepadhang
ananging, menapa panjenengan emut kula
Awit sanes langit naminipun,
Menawi lintang-lintang ingkang panjenengan paringaken kula menika
Mboten kaparengaken kapanjer ing pepeteng
Saha manthering srengenge gegebengan iman panggulawenthah kula menika
Mboten panjenengan parengaken tansah nuwuhaken pepadhang
Dening Madagumilang,Ponorogo 05 Februari 2011
LINTANG KERLAP – KERLIP KOYOK KONANG
Lintang kerlap-kerlip koyok konang
Padhang bulan donya katon jingglang
Lunggung jigrang nyawang langit ngitung utang
Kelingan murid tukulan klopo mung katon ayang-ayang
Lintang kerlap-kerlip koyok konang
Wiwit durung duwe isin nganti wus doyan sambel tumpang
Turunane hawa kang tansah gawe pikiran padhang
Dadi konco ngomong ing Mas Kumambang
Dadi konco sepedahan ing pamenang
Dadi konco lesehan nggletak ing bayang
Dadi konco sinau kang tansah gawe ati tenang
Lintang kerlap-kerlip koyok konang
Guru lan murid nggone sesambungan mung saka awang-awang
Bedane umur lan resike ati kang dadi jurang
Iku kabeh lakone guru kang ora bisa nyawang
Lintang kerlap-kerlip koyok konang
Sawuse murid lungguh kaapit gagarmayang
Guru kaya wayang kulit kang gapite ilang
Males tumandang bisane mung sangga uwang
Pikirane nggrayang ono ing awang-awang
Mesam-mesem mabur bareng kakehan ngunjuk kontul jigrang
Lintang kerlap-kerlip koyok konang
Kelingan murid agawe Ati rasane kaya dirajang -rajang
Amargo ngendheg netese luh ing netra ora kuwagang
Lintang kerlap-kerlip koyok konang
Yen eling iku lakon kang digawe marang sing gawe awan
Kang kudu ditrima kanti ati padhang
Mendah senengi guru yen murid uripe katon sinawang
Bukuku guru guruku itulah jawabannya