Contoh surat bahasa jawa

Posted on

Contoh surat bahasa jawa

Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)Jln. Aip Mungkar ParakanTemanggung.Sembah sungkem, (2)Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi – mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. (3)Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi – mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin.(4)Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)(6) Semarang, 26 Nopember 2008(7) Saking ingkang putra(8)(9) Hadi Prawira