Contoh teks deskripsi adat jawa menggunakan bahasa jawa yang lumayan singkat saja?

Posted on

Contoh teks deskripsi adat jawa menggunakan bahasa jawa yang lumayan singkat saja?

Ngoko

Adat Jawa

Adat Jawa yaitu salah sawijining kebiasaan kang wis Urip ana ing tlatah Jawa wiwit biyen lan uga dadi salah sawijining warisan saka leluhur. Adat Jawa uga duweni jenis kang maneka warna. Dhene contone adat Jawa kang iseh lestari nganti Saiki yaitu adat Mitoni. Mitoni dhuweni teges Pitu kang artine Ibu kang anggone ngandut putrane suwene wis Pitung sasi. Dipengeti kanthi nganakake slametan nganggo maneka jenis panganan uga prosesi. Dhene sakliyane adat Mitoni isih akeh adat liyane kang dilakoni dhening masyarakat khususe kang madeg ing tlatah Jawa. Dhene adat Jawa kang ana ing tlatah Jawa Iki dadi salah sawijining pusaka saka leluhur kang ora iso dibiji regane, mula kita para muda khususe kudu nglestarikake anane adat Jawa supaya ora luntur amarga pengaruh budaya manca.

Basa Krama

Adat Jawa

Adat Jawi punika salah satunggalipun kebiasaan ingkang sampun gesang wonten ing tlatah Jawi wiwit riyin ugi dados salah satunggalipun warisan saking leluhur. Adat Jawi ugi gadhahi jenis ingkang maneka warni. Dhene contonipun adat Jawi ingkang iseh lestantun ngantos sakmenika inggih punika adat mitoni. mitoni anggadhahi teges pitu ingkang artosanipun Ibu ingkang anggenipun ngandut putrane dangonanipun sampun Pitung wulan. Dipengeti kanthi ngatenaken wilujengan ngangge maneka jenis pamontenan ugi prosesi. Dhene sak limtunipun adat mitoni taksih kathah adat lintu ingkang dipunlampahani dhening masyarakat khususipun ingkang madeg wonten tlatah Jawi. Dhene adat Jawi ingkang wonten ing tlatah Jawi niki dados salah satunggalipun pusaka saking leluhur ingkang mboten saged dipun biji reginipun, mila kita para muda khususe kedah nglestantunaken wontenipun adat Jawi supados mboten luntur amargi pengaruh budaya manca.

semoga membantu:)