Contoh tembung macapat lan artine

Posted on

Contoh tembung macapat lan artine

1. Tembang Macapat Maskumambang, nduwene teges saking kata kumambang, ingkang artine ngambang. Maksude yaiku tahap kepisan ingkang dilakoni manungsa diawali saking kandhutane ibu.
2. Tembang Macapat Mijil, nduweni teges muncul, maksude saklawise manungsa ing panjeronane weteng ibu, banjur muncul utawi lahir.
3. Tembang Macapat Sinom, nduweni teges saking kata nom utawa enom. Yaiku saking anak – anak kanthi remaja.
4. Tembang Macapat Kinanthi, nduweni teges saking kantheni lan kanthi, kang ateges dibimbing marang wong tuakangge sinau supaya iso mlaku ing alam donya.
5. Tembang Macapat Asmarandana, nduweni teges rasa tresna / seneng marang lawang jenis.
6. Tembang Macapat Gambuh, nduweni teges saking kataJumbuh utawa sing maknane cocok. Maksude menawi sampun podo – podo tresna, banjur dinikahake supaya iso urip bebarengan.
7. Tembang Macapat Dhandhanggula, nduweni teges saking kata dhandhang (Panggon masak beras) lan gula (ingkang rasane manis), maksude manungsa ingkang sampunnikah, saged ngguyuhi puncak kasenengane urip.
8. Tembang Macapat Durma, nduweni teges saking kata darmo / sedekah marang sapadha – padha.
9. Tembang Macapat Pangkur, nduweni teges saking katamungkur, maksude yaiku mulai ninggalake nafsu dunya lan ngakehi amal ibadah.
10. Tembang Macapat Megatruh, nduweni teges saking kata Megat (Pegat, putus) dan ruh (roh, nyawa), yaiku manungsa sampun tekan titi wancine urip ing ndunya lan wayahe katemu marang Maha Kuasa.
11. Tembang Pucung, yaiku keadane manungsa sing wis ora nduwe ruh, lan banjur di pucung anggo kain mori / kafan.