D. Pengayaan

Posted on

1. Ngetrapake Tembung Panggandheng
Tembung panggandheng yaiku sakabehing tembung kang dianggo nggandheng tembung karo tembung ing sajroning ukara.
Tuladha: karo, lan, sarta, nanging, utawa, apa maneh, marang kamangka,supaya Isp.
1. Beni lan Amir saben wengi sinau ..
bijine apik-apik.
2. Mengko bubar ngaso arep ulangan basa Jawa,
aku dhewe durung sinau.
3. Kowe wae sing juwara klas ora bisa nggarap PR Matematika …… aku wae ora sinau.
4. Murni iku cahyane isih pucet
dipresakne menyang dokter.
5. Salma
Nur khomariah lagi sinau klompok.
2. Coba kanthi klampok saben klompok 4-5 siswa Gawe ukara kang mawa tembung
panggandheng 5 wae, banjur wacanen ana ngarep klas. Liyane nggatekake lan mbiji.
Hasil diskusine ditulis!
1.
2.
3.
4
5.​

D. Pengayaan

Wangsulan

» Ngetrapake Tembung Panggandheng.

  1. Beni lan Amir saben wengi sinau supaya bijine apik-apik.
  2. Mengko bubar ngaso arep ulangan basa Jawa, nanging aku dhewe durung sinau.
  3. Kowe wae sing juwara klas ora bisa nggarap PR Matematika apa maneh aku wae ora sinau.
  4. Murni iku cahyane isih pucet banjur dipresakne menyang dokter.
  5. Salma lan Nur khomariah lagi sinau klompok.

» Gawe ukara mawa Tembung Panggandheng.

  1. Paijo karo adhine mlaku-mlaku ing alun-alun.
  2. Wahyu kuwi ora pinter nanging dheweke rada kemaki.
  3. Aku sarapan dhisik sadurunge mangkat sekolah.
  4. Wong-wong padha kerja bakti ngresiki kalen supaya omahe ora kebanjiran.
  5. Sanajan direwangi nyambut gawe rekasa, meksa durung bisa nyukupi kabutuhane saben dinane.

Penjelasan

—☆ Tuladha tembung panggandheng :

  1. Koordinatif : lan (dan), sarta (beserta), utawa (atau), nanging (tetapi), kamangka (padahal), dene (sedangkan).
  2. Subordinatif : wiwit (saat), yen (jika), saupamane (seumpama), supaya, arepa (seperti), kaya (seperti), jalaran (karena), saengga (sehingga), karo (dengan), tanpa, yaiku (yaitu), sing (yang), padha karo (sama dengan), banjur (kemudian).
  3. Korelatif : ora mung … nanging uga (tidak hanya … tapi juga); mangkono iku … saengga (seperti itu … sehingga), kaya mangkono … saengga (seperti itu … sehingga).

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 5 – Jenising Tembung

Kata Kunci : Tembung Panggandheng

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.5

—————————–

Semoga membantu.