Darmi: Njanur gunung kadingaren mbakyu, kebanjiran segara madu temen aku Panjenengan esuk esuk kok wis tekan kene, katone kok sajak kukus gantung, daksawang sajake bingung, ana kersa apa? Marni Iya dhik, mung pengin nggenahake prakara wingi kae lho, aja nganti kriwikan dadi grojogan. Aku kuwatir yen nganti ana salah paham. Darmi : Walah… mbakyu wong prakara sepele bae, panjenengan ora perlu kuwatir, wis beres kabeh kok. Marni : Dadi prakara wingi kae ora ndadekake pinggete atimu ta? Darmi : Ora kanggoku yen dakteruske lara ati, kaya rebutan balung tanpa isi bae, ora ana guna manfaate kanggo awake dhewe. Marni : Matur nuwun ya dhik, apuranen aku, sing mung kaya belo melu seton, mung anut grubyuk. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kang patitis !

Posted on

1. Tulisen apa bae tembung-tembung sing kalebu ewone basa rinengga kang ana wacan pacelathon iku?

2. Wenehana tegese basa rinengga kang koktulis miturut wacan pacelathon kasebut!

3. Coba tulisen basa rinengga kang ana pacelathon iku kang nggambarake ing panguripan ora rukun!

4. Unen unen ing ngisor iki kalebu basa rinengga apa ? a. Keplok ora tombok b. Kethek saranggon C., Wis kebak sundukane d. Kuru semangka e. Jangan gori , aku judheg marang sliramu.

5. Unen unen kang ana ing nomer 4 iku gawenen ukara !​ ​

Darmi: Njanur gunung kadingaren mbakyu, kebanjiran segara madu temen aku Panjenengan esuk esuk kok wis tekan kene, katone kok sajak kukus gantung, daksawang sajake bingung, ana kersa apa? Marni Iya dhik, mung pengin nggenahake prakara wingi kae lho, aja nganti kriwikan dadi grojogan. Aku kuwatir yen nganti ana salah paham. Darmi : Walah… mbakyu wong prakara sepele bae, panjenengan ora perlu kuwatir, wis beres kabeh kok. Marni : Dadi prakara wingi kae ora ndadekake pinggete atimu ta? Darmi : Ora kanggoku yen dakteruske lara ati, kaya rebutan balung tanpa isi bae, ora ana guna manfaate kanggo awake dhewe. Marni : Matur nuwun ya dhik, apuranen aku, sing mung kaya belo melu seton, mung anut grubyuk. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kang patitis !

Wangsuli pitakon

1. Tembung-tembung sing kalebu ewone basa rinengga kang ana wacan pacelathon iku yaiku….

  • njanur gunung
  • Kebanjiran segara madu
  • kukus gantung
  • kriwikan dadi grojokan
  • pinggete ati
  • rebutan balung tanpa isi
  • belo melu seton

2. Tegese basa rinengga kang katulis miturut wacan pacelathon kasebut yaiku…

  • njanur gunung = Aren kadingaren (tumben)
  • kebanjiran segara madu = oleh kabegjan kang gedhe
  • kukus gantung = sawang
  • kriwikan dadi grojokan = perkara kang maune cilik dadi gedhe
  • pinggete ati = serik
  • rebutan balung tanpa isi = pasulayan merga barang kang sepele
  • belo melu seton = manut grubyuk ora ngerti karepe

3. Basa rinengga kang ana pacelathon iku kang nggambarake ing panguripan ora rukun yaiku…

→ Marni Iya dhik, mung pengin nggenahake prakara wingi kae lho, aja nganti kriwikan dadi grojogan. Aku kuwatir yen nganti ana salah paham.

4. Unen unen ing ngisor iki kalebu basa rinengga :

a. Keplok ora tombok = tembung Paribasan.

b. Kethek saranggon = Tembung Paribasan.

c., Wis kebak sundukane = Tembung Bebasan.

d. Kuru semangka = Tembung sanepan.

e. Jangan gori , aku judheg marang sliramu = wangsalan.

5. Nggawe ukara saka unen unen kang ana ing nomer 4 :

a. Dadi wong iku aja mung Keplok ora tombok, nanging yo melua ngrewangi.

b. Ngati ati ing jaman saiki, aja nganthi melu melu ing Kethek saranggon.

c. Aku njaluk pangapurane Yo, aku Wis kebak sundukane marang sliramu!

d. Biyen kaya mangkana, saiki awake dadi Kuru semangka.

e. Ana apa karo sampeyan, kok yo wis Jangan gori , aku judheg marang sliramu, sebabe apa?

__________________

Pembahasan

Pangerten basa rinengga

yaiku tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji saengga dadi basa kang Endah lan ngresepake.

Basa rinengga ana 9 jininse :

  1. saroja
  2. wangsalan
  3. Paribasan
  4. Bebasan
  5. Saloka
  6. entar
  7. purwakanthi
  8. parikan
  9. pepindhan

Negesi tembung tembung ing dhuwur:

1. Tembung Paribasan

yaiku unen-unen sing ajeg panggonane sing ngemu ateges wantah dudu pepindhan.

2. Tembung Bebasan

yaiku unen-unen sing ngemu ateges pepindhan.

3. Tembung Saloka

yaiku unen-unen sing ajeg panggonane sing ngemu surasa pepindhan nanging sing dipindhahake wonge.

4. Tembung wangsalan

yaiku unen-unen sing saemper karo cangkriman, nanging sing batangane wis dibedhek dhewe.

5. Tembung saroja

yaiku tembung loro sing padha utawa meh padha tegese banjur digawe berbarengan.

6. Tembung entar

yaiku tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji lan duwe ateges bedha saka asline.

7. Tembung parikan

yaiku unen-unen rong gatra utawa patang gatra, gatra sepisan diarani Purwaka, lan gatra kapindho diarani isi.

8. Tembung purwakanthi

yaiku gandhengane swara sing mburi karo swara sing wis kesebut ing ngarepe.

9. Tembung pepindhan

yaiku unen-unen sing ajeg panggonane sing ngemu ateges irib iriban.

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Basa rinengga
  • Kode : 13