Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki;

Posted on

Jinejer ing Wedhatama,
Mrih tan kemba kembanganing pambudi,
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi sepa lir sepah asamun,
Samangsane pakumpulan,
Gonyak-ganyuk nglelingsemi.
Tembang macapat inggih punika salah
sawijining tembang kang ngrembaka ing
tlatah Jawa kang kagungan
paugeran utawa pathokan ingkang wonten
tiga inggih punika guru gatra, guru lagu lan
guru wilangan. Nitik saking
paugeran
utawa pathokan tembang punika, dene
tembang wonten nginggil kalebet
tembang macapat apa​

Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki;

Wangsulan

➡️ Kalebet tembang macapat Pangkur.

Penjelasan

Jinejer ing Wedhatama, (8 a)

mrih tan kemba kembenganing pambudi, (11 i)

mangka nadyan tuwa pikun, (8u)

yen tan mikani rasa, (7a)

yekti sepi sepa lir sepah asamun, (12 u)

samangsane pakumpulan, (8 a)

gonyak-ganyuk nglelingsemi. (8 i)

—☆ Paugeran Pangkur :

  1. Guru gatra : 7 gatra
  2. Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
  3. Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

—☆ Paugeran Macapat :

  1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra saben sapada
  2. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra.
  3. Guru lagu, yaiku tibaning swara vokal (a,i,u,e,o) ing pungkasaning gatra.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 – Macapat

Kata Kunci : Jenenge tembang jinejer ing Wedhatama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

—————————–

Semoga membantu.