Gawea 5 pitakon lan uga wangsulane, sing ana gegayutane karo tembang macapat!

Posted on

tolong jangan ngasal.

Gawea 5 pitakon lan uga wangsulane, sing ana gegayutane karo tembang macapat!

Tembang macapat

1. Ana pira cacahe tembang macapat? Sebutna!

➡️ Tembang macapat cacahe ana 11.

  • Asmaradana
  • Maskumambang
  • Dhandhanggula
  • Pangkur
  • Kinanthi
  • Mijil
  • Pucung
  • Megatruh
  • Gambuh
  • Sinom
  • Durma

2. Apa bae paugeran macapat iku? Sebutna!

➡️ Paugeran macapat ana 3

  • Guru gatra
  • Guru wilangan
  • Guru lagu

3. Apa sing diarani guru gatra?

➡️ Guru gatra yaiku cacahe gatra/larik saben sapada (sebait)

4. Apa sing diarani guru wilangan?

➡️ Guru wilangan yaiku cacahe wanda utawa suku kata saben sagatra

5. Apa sing diarani guru lagu?

➡️ Guru lagu yaiku dhong-dhinge utawa tibane swara ing pungkasaning gatra.

_______________

Detail Jawaban

  • Mapel: B.Daerah
  • Kelas: 7
  • Materi: Tembang Macapat
  • Kode: 13

Jawaban:

Gawe pitakon sing aa gegayute karo tembang Macapat:

1. Tembang macapat iku cacahe ana pira? Sebutna!

Wangsulan: Cacahe tembang macapat iku ana 11, antarane;

  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Kinanthi
  4. Sinom
  5. Asmarandana
  6. Gambuh
  7. Dhandhanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pucung

2. Ana pira guru gatrane Tembang Pucung iku?

Wangsulan: Guru gatra ing tembang pucung iku ana 4 larik.

3. Apa guru wilangan lan guru lagune tembang Pucung?

Wangsulan:

  • Guru wilangan = 12, 6, 8, 12
  • Guru lagune = u, a, i, a

4. Apa guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi?

Wangsulan: Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Sinom yaiku:

  • guru gatra ana 6 larik
  • guru wilangan 8,8,8,8,8,8
  • guru lagu u, a, a, i, a, i

5. Ana pira paugerane tembang macapat? Jelasna!

Wangsulan: Paugeran ana 3, yaiku;

  1. Guru gatra; yaiku cacahing larik ing saben sapada.
  2. Guru wilangan; yaiku cacahing wanda utawa suku kata ing saben larik.
  3. Guru lagu; yaiku tibaning swara utawa vokal, ing saben pungkasaning larik.

Mapel: Bahasa Jawa

Materi: Tembang Macapat

Kelas: 7