Gawea pembuka pambagyaharja!

Posted on

Gawea pembuka pambagyaharja!

Assalamu’alaikum Wr. Wb,Keparing kula nggempil kamardekan panjenengan sedaya ingkang nedheng-nedhengipun sami wawan pangandikan.
Nun Inggih panjenenganipun bapak pembimbing ingkang satuhu kinabekten, Para wiranem, pemuda lan pemudi ingkang bagya mulya,
Syukur lan salam sumangga tansah kita aturaken dumatheng Ngarsa Dalem Alloh SWT, ingkang sampun nglembahaken mapinten-pinten kanikmatan dumatheng kita sedaya sahingga wonten ing wekdal menika kita saged lenggah makempa, manunggal wonten menika papan kanthi wilujeng lan mboten wonten alangan satunggal menapa. Sholawat saha salam mugi tansah katetepna dumatheng Nabi junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, para keluarga, sohabat, penderek, sumrambah dumatheng kita sedaya, Amin.