BANYU
Dening: Miftahul Dina Anggraeni
gemricik swaramu ing wayah esuk agawe tentrem ning ati
kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah
putih bening netes ning ndonya nggawe adhem ning sukma krasa seger ning njero kalbu
kahananmu dadia tuladha ing jagad yen urip kudu terus mili
kowe sumber penguripan menungsa.
URIPKU
Dening: Apriria Berliyanti
Nglamunku sigar ing pucuk himawan Nalika warsa mbanjiri pangarasan Uripku
Saya suwe saya ngambang Ilang
ora nemu dalan
Dhuh Gusti
Paringana kula kesabaran Kanggo nerusake panguripan Ngalor ngidul sampun kula lakoni
Jakarta Surabaya sampun kula liwati Ora ana wangsulan sing mesthi.
TAKON IBU
Dening: Ria Afrisca
Sepuluh taun Aku ora ketemu
Rasa kangenku Saya suwe
Saya abot daksimpen dhewe Aku ora weruh
Ndhik endi panggonanmu Kaya apa kahananmu Aku mung eling sliramu Kepengin aku ketemu Ngrungu pituturmu Ndeleng esemmu
Ibu,
Kapan nggonmu mulih
Aku ing kene ngenteni balimu
CATATAN !
Silahkan kalian analisis berdasarkan struktur lahir dan bathin geguritan- geguritan di atas!
Kemudian ceritakan kembali menurut bahasamu sendiri!
Geguritan-geguritan ing ngisor iki golekana struktur-lahir lan bathin!
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra Jawa kang awujud saka rasa ing jero ati kang diwujudake nganggo bahasa ingkang nduweni irama, rima, mitra, lan bait. Struktur lahir lan bathin geguritan-geguritan ing soal yaiku:
- Geguritan: banyu. Struktur lahir lan bathin yaiku suara banyu kang nggawe ayem lan tuladha kanggo manungsa urip ing donya iki.
- Geguritan: uripku. Struktur lahir lan bathin yaiku ngandharake urip kang tansah susah ananging kudu dilakoni kanti sabar.
- Geguritan: takon ibu. Struktur lahir lan bathin yaiku rasa kangen marang ibu kang wes suwe ora ketemu.
Pembahasan:
Ketika kita belajar membuat puisi, kita akan berimajinasi dan berkhayal untuk menemukan suatu ide atau gagasan. Ide tersebut kemudian dituangkan dalam bentuk kata-kata yang indah dan bermakna. Hal ini karena pada puisi terdapat rima, irama, serta syair-syair yang sangat bermakna. Di dalam mata pelajaran Bahasa Jawa, puisi disebut dengan geguritan. Geguritan yaiku salah sijining karya sastra Jawa kang awujud saka rasa ing jero ati kang diwujudake nganggo bahasa ingkang nduweni irama, rima, mitra, lan bait. Struktur lahir lan bathin geguritan-geguritan ing soal yaiku:
- Geguritan: banyu. Struktur lahir lan bathin yaiku suara banyu kang nggawe ayem lan tuladha kanggo manungsa urip ing donya iki.
- Geguritan: uripku. Struktur lahir lan bathin yaiku ngandharake urip kang tansah susah ananging kudu dilakoni kanti sabar.
- Geguritan: takon ibu. Struktur lahir lan bathin yaiku rasa kangen marang ibu kang wes suwe ora ketemu.
Pelajari lebih lanjut
- Materi tentang pengertian geguritan brainly.co.id/tugas/2678747
- Materi tentang contoh geguritan brainly.co.id/tugas/1930041
- Materi tentang ciri-ciri geguritan brainly.co.id/tugas/3254241
Detail jawaban
Kelas: 7
Mapel: Bahasa Daerah
Bab: Geguritan
Kode: –
#AyoBelajar
#SPJ2