Jawablah pertanyaan berikut​

Posted on

Jawablah pertanyaan berikut​

Jawablah pertanyaan berikut​

1. Paraga kang ana ing Carita kidang kencana :

  • Jatayu
  • Dewi Sinta
  • Rahwana
  • Rama
  • Lesmana
  • Kalamarica

2. Sing dipingini Dewi Sinta yaiku pengin nduweni kidang kencana.

3. Sing ngemba Emba dadi kidang kencana yaiku Kalamarica.

4. Lesmana yaiku adhine kandung Rama.

5. Nalika nggoleki Dewi Sinta, Rama ketemu karo Jatayu.

6. Sing nyulik Dewi Sinta yaiku Rahwana.

7. Anggone nggoleki Dewi Sinta, Rama lan Lesmana dibantu karo Hanoman lan pasukan wanarane.

8. Dewi Sinta digawa menyang negara Alengka direja.

9. Wana tegese alas utawa hutan.

10. Paraga utama ing Carita kidang kencana yaiku Dewi Sinta.

Pembahasan :

Kidang kencana iku perwujudane saka Kalamarica, Kalamarica iku yaiku kancane Rahwana awujud raseksa, Rahwana pengen Dewi Sinta dadi bojone, mula Rahwana ngongkon Kalamarica supaya ngemba Emba dadi kidang kencana.

Sakbanjure Dewi Sinta weruh kidang kencana Kuwi mau, Dewi Sinta kepencut pengen nduweni, banjur ngongkon Rama nangkep kidang kencana mau.

Nanging amarga angel kidang kencana mau banjur mlayu saya nengah ing njero wana, amarga Dewi Sinta ngrecek pengen kidang kencana, Rama banjur nguber kidang mau Sampek ing tengah wana, lan nitipke Dewi Sinta marang adhine yaiku Lesmana.

Nanging suwe ora Bali, banjur krungu swara sing dikira swarane Rama, banjur Dewi Sinta ngongkon Lesmana mlebu alas ndelok swarane sapa kui, nanging sakdurunge mlebu alas, Lesmana gawe pembates supaya Dewi Sinta ora metu utawa ngliwati garis sing gawe lesmana mau.

Banjur Lesmana mlebu alas, sakbanjure Lesmana, banjur Rahwana ngemba Emba dadi wong tuwa, lan nyedhaki Dewi Sinta. Amarga Dewi Sinta mesake, banjur Dewi Sinta metu saka garis sing digawe Lesmana, sakbanjure Kuwi tangane Dewi Sinta langsung ditarik karo Rahwana sing nyamar dadi wong tuwa mau.

Dewi Sinta njaluk tulung, lan krungu Jatayu banjur ditulungi dening Jatayu. Nanging amerga Rahwana kuat, Jatayu kalah amerga swiwine sengkleh ditebas kari gamane Rahwana lan ceblok ing lemah. Sakbanjure Kuwi Jatayu ketemu Rama lan Lesmana sing nggoleki Dewi Sinta lan nyritakake sapa sing nggawa Dewi Sinta, banjur Jatayu gugur.

Sakbanjure iku Rama lan Lesmana nggoleki Dewi Sinta ing negeri Alengka Dibantu dening Hanoman lan pasukan wanarane.

Detail Jawaban :

  • Mapel : Sejarah
  • Kelas : 11
  • Materi : Perjuangan Daerah di Indonesia
  • Kode kategorisasi : 11. 3. 2