Kepriye paugerane tembang pangkur lan dhandhanggula?

Posted on

Kepriye paugerane tembang pangkur lan dhandhanggula?

Jawaban :

«Paugeran Tembang Pangkur»

  1. Guru gatra : 7 gatra
  2. Guru wilangan : 8 – 11 – 8 – 7 – 12 – 8 – 8
  3. Guru lagu : a – i – u – a – i – a – i

«Paugeran Tembang Dhandhanggula»

  1. Guru gatra : 10 gatra
  2. Guru wilangan : 10 – 10 – 8 – 7 – 9 – 7 – 6 – 8 – 12 – 7
  3. Guru lagu : i – a – e – u – i – a – u – a – i – a

Penjelasan :

"Tembang Pangkur"

Tembang pangkur yaiku salah sawijining jenis tembang cilik/ tembang macapat. Pangkur tegese mungkur. Tembang pangkur nyeritakake manungsa ingkang yuswane sampun uzur. Ngrenungake sing dilakoni ing jaman biyen lan nyeseli marang dheweke. Lan saiki sampun tua,kerasa uripe ora berguna. Pangkur uga nggambaraken urip kang sapatute ngadoih macem-macem hawa nepsu lan angkara murka. Siap ninggalake urusan duniawi lan nuju marang urusan akherat.

Watak

  • Gagah
  • Nepsu kang prihatin
  • Kuat
  • Perkasa
  • Jejeg atine
  • Sereng
  • Nesu

Tuladha Tembang Pangkur

Pangkur

Mangkono ilmu kang nyata

(Kaya kui ilmu kang apik lan bener)

Sanyatane mung we reseping ati

(Hakikate namung kanggo nentremake ati)

Bungah ingaran cubluk

(Seneng yen dianggep bodo)

Sukeng tyas yen den ina

(Ati kang seneng yen dihina)

Nora kaya si punggung anggung gumunung

(Mboten kayata si bodo kang haus marang pujian)

Ugungan sadina dina

(Pengin dipuji saben dina)

Aja mangkono wong urip

(Ampun kados niku dadi menungsa)

Paugeran Tembang Pangkur :

Paugeran yaiku aturan kang kudu ditaati nalika nggawe tembang macapat.

1. Guru gatra : paugeran cacahing larik saben sapada.

  • Tembang pangkur gatrane wonten 7 gatra.

2. Guru wilangan : jumlah suku kata (wanda) ing saben gatrane tembang.

  • Tembang pangkur guru wilangane : 8 11 8 7 12 8 8

3. Guru lagu : paugeran dhong-dhingin suara/ tibaning huruf vokal ing saben akhir gatra.

  • Tembang pangkur guru lagune : a i u a i a i

"Tembang Dhandhanggula"

Tembang dhandhanggula yaiku kalebet salah jawijining jenis tembang cilik (sekar alit) utawa tembang macapat. Dhandhanggula asal kata saking kata dhandhang (manuk gagak nglambangake duka) lan gula (rasane legi nglambangake suka). Tembang dhandhanggula nyritakake babagan remaja ingkang wus arep dewasa. Nyoba-nyoba hal kang durung pernah dirasa, senajan dilarang nanging tetep kepengin nyoba.

Watak

  • Luwes
  • Ngresepake
  • Kepranan

Tuladha Tembang Dhandhanggula

Dhandhanggula

Lamun sira ameguru kaki

(Yen koe njaluk nasehat saka aku)

Amilihna manungsa sanyata

(Pilihlah manungsa sejati)

Ingkang becik martabate

(Kang apik martabate)

Sarta weruh ing ukum

(Serta kenal hukum)

Kang ibadah lan kang wirangi

(Ingkang taat ibadah lan njalanaken ajaran agama)

Sukur oleh wong tapa ingkang wus amungkul

(Apa maneh oleh wong seneng prihatin kang sampun mumpuni)

Tan gumantung liyan

(Ingkang mboten tergantung wong lia)

Iku wajib guronana kaki

(Marang kae, kowe wajib merguru)

Sartane kawruhanana

(Serta sinau marang kae)

Paugeran Tembang Dhandhanggula :

Paugeran yaiku aturan kang kudu ditaati nalika nggawe tembang macapat.

1. Guru gatra : paugeran cacahing larik saben sapada.

  • Tembang dhandhanggula gatrane wonten 10 gatra.

2. Guru wilangan : jumlah suku kata (wanda) ing saben gatrane tembang.

  • Tembang dhandhanggula guru wilangane : 10 – 10 – 8 – 7 – 9 – 7 – 6 – 8 – 12 – 7

3. Guru lagu : paugeran dhong-dhingin suara/ tibaning huruf vokal ing saben akhir gatra.

  • Tembang pangkur guru lagune : i – a – e – u – i – a – u – a – i – a

»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»

Pelajari Lebih Lanjut :

Materi Tembang Sinom

Jenis-jenis Tembang

Detail Jawaban :

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Tembang Macapat

Kode Kategorisasi : 8.13

Kata Kunci : Pengertian, watak, tuladha, paugeran temban pangkur lan tembang dhandhanggula.

#Optiteamcompetition