Kepriye sejarahe serat wedhatama

Posted on

Kepriye sejarahe serat wedhatama

Jawaban Terkonfirmasi

S – Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti.Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.

Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.

Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh ing serat