Medharake gagasan utawa panemu kanth migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani ​

Posted on

Medharake gagasan utawa panemu kanth migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani ​

Wangsulan

Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani ….

➡️ Pidhato/Sesorah

Penjelasan

{Pidhato/Sesorah}

Pidhato/Sesorah yaiku pakaryan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang katujokake marang wong akeh utawa umum.

» Manut swasanane, pidhato kaperang dadi 2, yaiku :

1. Pidhato resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi/formal.

  • Tuladha : Pidhato kenegaraan, pidhato hardiknas, lsp.

2. Pidhato ora resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan ora resmi/semi resmi.

  • Tuladha : Pidhato manten, pidhato ing karang taruna, pidhato pengetan ulang taun bocah, lsp.

» Methode pidhato/sesorah :

  1. → Methode apalan/memoriter : teknik utawa sistem pidhato/ sesorah kang dilakoke nganggo cara ngapalake teks pidhato.
  2. → Methode naskah/teks : teknik utawa sistem pidhato/sesorah kang dilakoke nganggo cara maca teks pidhato.
  3. → Methode ekstemporan : teknik utawa sistem sesorah kanthi nganggo catetan cilik kang isine pokok-pokok pidhato kang arep diaturke marang para pamirsa.
  4. → Methode impromtu : teknik sesorah kanthi dadakan utawa durung ngrancang cengkorongane sesorah sing arep diaturake marang pamirsa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 5 – Pidhato

Kata Kunci : Medharake gagasan utawa panemh

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.5

—————————–

Semoga membantu.