Parikan 4 Wanda+6wanda)×2

Posted on

Parikan 4 Wanda+6wanda)×2

Parikan kaperang dadi 4 yaiku:

1. Parikan Padinan yaiku parikan kang digunakake kanggo pacelathon padinan.

Tuladha:

Cipir mbyok-mbyokan, mangga mampir teng pondhokan.

Good morning slamat pagi, klambi kuning manas ati.

2. Parikan Lamba yaiku parikan kang kedadeyan saka (4 wanda+4 wanda) x 2 gatra.

Tuladha:

Ngasah arit, nganti landhep

Dadi murid, kudu sregep

-iwak bandheng, durung wayuPriya nggantheng, sugih ngelmu

3. Parikan Rangkep yaiku parikan kang kedadeyan saka (4 wanda+8 wanda) x 2 gatra.

Tuladha:

klapa sawit, wite dhuwur wohe alit

Dadi murid, aja dhemen keceh dhuwit

4. Parikan Edi-Peni yaiku parikan kang kedadeyan saka (8 wanda+8 wanda) x 2 gatra.

Tuladha:

Ngisor gendheng saponana

Nata watu jejer sanga

Abot entheng lakonana

Golek ngelmu nganti purna

Semoga membantu!