Sebutan lan jelasna cacahe cangkriman​

Posted on

Sebutan lan jelasna cacahe cangkriman​

Jawaban:

Cangkriman yaiku unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake wangsulan lan ugo diarani bedhekan utawa batangan.

Cangkriman=batangan=bedhekan, tegese tetembungan sing kudu dibatang kekarepane, amarga tetembungan mau nduweni teges ora sabenere.

1.Cangkriman Wancahan

Cangkriman wancah punika cangkriman ingkang awujud wewancahaning tembung-tembung. Wancah tegesipun cekak, wancahan ateges cekakan.

2.Cangkriman Blenderan

Cangkriman blenderan punika cangkrimaningkang mengku suraos srekalan, plesedan. Blender ateges plesed, glundhung.

3.Cangkriman Pepindhan

Cangkriman  pepindhan punika cangkriman ingkang kajumbuhaken kaliyan pepiribaning barang. Pindha ateges kaya, kadi, kadya, lir, pendah. Cangkriman pepindhan uga diarani irib-irib.

4.Cangkriman Tembang

Cangkriman pepindhan sejatosipun awujud cangkriman pepindhan, nanging kagarap sarana tembang.