Shania oleh beasiswa menyang jepang tahun ngarep. ngoko alus, krama lugu, krama alus​

Posted on

Shania oleh beasiswa menyang jepang tahun ngarep. ngoko alus, krama lugu, krama alus​

Shania oleh beasiswa menyang jepang tahun ngarep. ngoko alus, krama lugu, krama alus​

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

6. Shania oleh beasiswa menyang Jepang taun ngarep.

  • Ngoko Alus : Shania pikantuk beasiswa menyang Jepang taun ngarep.
  • Krama Lugu : Shania angsal beasiswa Ten Jepang taun ngajeng.
  • Krama Alus : Shania pikantuk beasiswa dhateng Jepang taun ngajeng.

7. Pakdheku dodolan walet rong taun kepungkur.

  • Ngoko Alus : Pakdheku sadeyan walet rong taun kepungkur.
  • Krama Lugu : Pakdhe kula sadeyan walet kaleh taun kepengker.
  • Krama Alus : Pakdhe kula sadeyan walet kaleh taun kepengker.

8. Eyang kudu ngombe obat merga lagi lara.

  • Ngoko Alus : Eyang kudu ngunjuk obat merga lagi gerah.
  • Krama Lugu : Eyang kedah nginum obat amargi saweg sakit.
  • Krama Alus : Eyang kedah ngunjuk obat amargi nembe gerah.

9. Mas Anang ora gelem ngeterne kang Paiman menyang kantor Bupati.

  • Ngoko Alus : Mas Anang ora gelem nderekaken kang Paiman menyang kantor Bupati.
  • Krama Lugu : Mas Anang mboten purun ngiringaken kang Paiman ten kantor Bupati.
  • Krama Alus : Mas Anang mboten kersa nderekaken kang Paiman dhateng kantor Bupati.

10. Aku lagi nelpon kangmasku nalika Sulistya metu saka kamarku.

  • Ngoko Alus : Aku lagi nelpon kangmasku nalika Sulistya medal saka kamarku.
  • Krama Lugu : Kula saweg nelpon kang mas Kula rikala Sulistya medal saking kamar Kula.
  • Krama Alus : Kula nembe nelpon kang mas kula rikala Sulistya medal saking kamar Kula.

____________________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.

Unggah ungguh basa ana 2 :

1. Ngoko :

  • Ngoko lugu
  • Ngoko alus

2. Krama :

  • Krama lugu
  • Krama alus

Ngoko lugu

Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.

panggonane :

  • padha kanca sadrajat
  • marang wong kang luwih enom

tuladhane :

  • jenengmu sapa?

Ngoko alus

Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.

sing dikramakne :

  • wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih
  • panindake, umume arupa tembung kriya
  • kaduwekane, awujud tembung Aran

panggonane :

  • dulur enom marang dulur tuwa
  • kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur
  • wong sadrajat kang padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulina Ngoko

tuladhane :

  • Panjenengan jenenge sapa?

Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

panggonane :

  • wong sadrajat sing durung akrab
  • wong sing durung kenal

tuladhane :

  • sampeyan namine sinten?

Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

panggonane :

  • wong enom marang wong tuwa
  • marang wong sing dhuwur drajate

tuladhane :

  • Panjenengan asmanipun sinten?

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguhing basa
  • Kode : 13