Sawise tekan museum sepur bocah-bocah padha mudhun saka bis nuju museum mau. Ing
kene bocah-bocah padha ndeloki sepur wiwit jaman Landa nganti jaman mardika. Wiwit sepur
sing paling kuna nganti sepur sing rada modern. Kabeh dakdeloki siji-siji nganti rampung karo
dakcathet jenenge sepur mau. Watara jam loro awan, bocah-bocah padha ngibadah Dzuhur-
Ashar dijamak lan mangan awan bebarengan. Kurang luwih jam telu, bocah-bocah mlebu bis
saprelu nerusake laku menyang sekolahan. Sajroning bis, bocah-bocah gayeng nyritakake
pengalamane dhewe-dhewe.
26. Wos (isi) saka teks kasebut yaiku …
A. Pengalamane bocah sekolah nalika menyang museum sepur.
B. Pengalamane bocah sekolah kang sering nulungi kancane.
C. Pengalamane bocah sekolah kang sering lunga numpak bis.
D. Pengalamane bocah sekolah kang sregep mangkat sekolah.
Teks kanggo soal nomer 26 – 29!
Jawaban:
A. Pengalamane bocah sekolah nalika menyang museum sepur