Teks Serat Wulangreh Pupuh Durma

Posted on

Dipunsami ambanting ing badanira
Cegah dhahar lan guling
Darapan sudaa
Napsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyas sireki
Dadya sabarang
Keryanira lestari
Ing pangrawuh lair batin aja mamang
Yen sira wis udani
Mring sariranira
Lamun ana kang murba
Masesa ing alam kabir
Dadi sabarang
Pakaryanira ugi
Sebutna guru gatra, guru wilangan lan guru
lagune tembang kasebut!​

Teks Serat Wulangreh Pupuh Durma

Wangsulan

  • Guru Gatra : 7 gatra
  • Guru Wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
  • Guru Lagu : a, i, a, a, i, a, i

Penjelasan

  • DURMA PADA 1

Dipunsami ambanting ing badanira, (12 a)

Nyudha dhahar lan guling, (7 i)

Darapon sudaa, (6 a)

Nepsu kang ngambra-ambra, (7 a)

Rerema ing tyasireki, (8 i)

Dadya sabarang, (5 a)

Karyanira lestari. (7 i)

  • Tegese :

Dilakoni bareng nyambut gawe temenan ing awakmu,

Ngurangi mangan lan turu,

Ora lali kurangana,

Kekarepan kang angel ditelukake,

Kendhalenana kekarepane atimu,

Dadi samubarang gawe

Pegaweyan kang awet lan migunani.

  • Gancaran :

Dilakoni bareng-bareng nyambut gawe kanthi tememen ana awakmu kabeh, nyuda mangan lan turu, ora lali kudu digatekake lan dikurangi kekarepan kang angel ditelukake, kendhalenana kekarepane atimu, supaya bisa dadi samubarang gawe kang awet lan migunani.

  • Piwulang luhur :

Kudu gatekna awakmu kanthi ngurangi mangan lan turu, uga kendhalenana atimu supaya kekarepan bisa ditelukake dadi samubarang gawe kang lestari.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 – Macapat

Kata Kunci : Durma, Paugeran Durma

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

—————————–

Semoga membantu.