Tembung lingga turu yen diwenehi ater-ater ke-lan panambang-an malih dadi​

Posted on

Tembung lingga turu yen diwenehi ater-ater ke-lan panambang-an malih dadi​

Wangsulan

Tembung lingga turu yen diwenehi ater-ater ke-lan panambang-an malih dadi. . .

➡️ Keturon.

Penjelasan

◉ Ater-ater (Awalan)

→ Ater-ater yaiku wuwuhan sing manggone ana ing sangarepe tembung. Ater-ater iku sabenere ana akeh maceme, ning ing kene mung dirembug sing kerep digunakake kaya dene ater-ater anuswara (n-, m-, ng-, ny-), ater-ater tripurusa (dak-, ko-, di-), ka-, sa-, lan pi-.

» Tuladha :

  1. tandur + n- → nandur
  2. waca + m- → maca
  3. kopi + ng- → ngopi
  4. cakot + ny- → nyakot
  5. jupuk + dak- → dakjupuk
  6. tutup + ko- → kotutup
  7. tabrak + di- → ditabrak
  8. gawe + ka- → kagawe
  9. lusin + sa- → salusin
  10. wales + pi- → piwales

Panambang (Akhiran)

→ Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. Panambang iku sabenere ana akeh maceme, ning ing kene mung dirembug sing kerep digunakake kaya dene -ku, -mu, -e, -an, -i, -a, -na, -ana, -en, lan -ake.

» Tuladha :

  1. sepatu + -ku → sepatuku
  2. kursi + -mu → kursimu
  3. sega + -e → segane (*dudu segae)
  4. tulis + -an → tulisan
  5. suwek + -i → suweki
  6. tuku + -a → tukua
  7. sapu + -na → sapokna (*dudu sapuna)
  8. tali + -ana → talenana (*dudu taliana)
  9. garap + -en → garapen
  10. gawa + -ake → gawakake (*dudu gawaake)
  11. turu + -an → turon (*dudu turuan)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 – Kepahlawanan

Kata Kunci : Ater-ater, Panambang

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

—————————–

Semoga membantu.