Tolong bantu jawab kak​

Posted on

Tolong bantu jawab kak​

Tolong bantu jawab kak​

Nggawe ukara saka ragam basa.

1.gawa damel ngasta

  • mbak Sifa mulih gawa apa wae?
  • mas, godhong gedhange badhe damel napa?
  • bapak kondur ngasta oleh oleh.

2. njaluk Nyuwun mundhut

  • aku arep njaluk pelemu, oleh ora?
  • Bu, Kula Nyuwun yatra, badhe tumbas buku gambar.
  • ibu tindak peken badhe mundhut krambil.

3. teka dugi rawuh

  • kae Lo, bapak wis teka saka sawah!
  • mas Banu saweg dugi saking sekolahan.
  • ibu sampun rawuh saking pengaosan.

4. mripat paningal

  • mripate Adhik lara, merga kena Bledug.
  • eyang gerah paningal, mila sakmenika dirawat dhateng griya sakit.

5. tuwa sepuh

  • dadi bocah iku kudu manut marang wong tuwa.
  • Pakdhe sampun sepuh, mila anggene tindak sampun mboten kiat maleh.

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.

Unggah ungguh basa ana 4 :

⚫ Ngoko lugu

Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.

→ panggonane :

padha kanca sadrajat

marang wong kang luwih enom

tuladhane :

Kowe arep menyang endi?

⚫ Ngoko alus

Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.

sing dikramakne :

wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih

panindake, umume arupa tembung kriya

kaduwekane, awujud tembung Aran

panggonane :

dulur enom marang dulur tuwa

kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur

wong sadrajat kang padha ngajeni

ibu marang bapak sing kulina Ngoko

tuladhane :

Panjenengan arep tindak menyang endi?

⚫ Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

panggonane :

wong sadrajat sing durung akrab

wong sing durung kenal

tuladhane :

sampeyan badhe kesah ten pundi?

⚫ Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

→ panggonane :

wong enom marang wong tuwa

marang wong sing dhuwur drajate

tuladhane :

Panjenengan badhe tindak pundi?

Jlentrehne jinising basa.

1.gawa – damel – ngasta

  • gawa = Ngoko
  • damel = krama
  • ngasta = Krama Alus

2. njaluk – Nyuwun – mundhut

  • njaluk = Ngoko
  • Nyuwun = Krama
  • mundhut = Krama Alus

3. teka – dugi – rawuh

  • teka = Ngoko
  • dugi = Krama
  • rawuh = Krama Alus

4. mripat – paningal

  • mripate = Krama
  • paningal = Krama Alus

5. tuwa – sepuh

  • tuwa = Krama
  • sepuh = Krama Alus

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13