Tolong buatkan pidhato perpisahan sekolah smp yang ada pembuka,isi,dan penutup.

Posted on

pakek b.jawa y,yang bsa dimengerti bahasa nya

Tolong buatkan pidhato perpisahan sekolah smp yang ada pembuka,isi,dan penutup.

Assalamualaikum Wr. Wb.
pembuka:
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas
tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
isi:
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih,
awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing
wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas
IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu
Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca
ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung,
saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga
saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna
kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah
bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Penutup :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula
ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah,
Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.