Tolong carikan contoh-contoh pidato wisuda dalam bahasa jawa ?

Posted on

Tolong carikan contoh-contoh pidato wisuda dalam bahasa jawa ?

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang
kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak – Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang – rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo
kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung
ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo
dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan
sak manika.
Kula, wakil saking rencang – rencang kelas 9
ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru
ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan
menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos
kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang –
rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi
wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan
sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan
mboten disengojo. Mugi – mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken
sedoyo kelepatan kulo lan rencang – rencang.

Satuhunipun
kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi
sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo.
Namung amargi kulo lan rencang – rencang kedah nglanjutaken ngangsu
kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang –
rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb