Tolong carikan contoh geguritan dong.. pliss..

Posted on

Tolong carikan contoh geguritan dong.. pliss..

Jawaban Terkonfirmasi

UDAN WAYAH SORE


udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
semoga membantu 🙂

Jawaban Terkonfirmasi

                                         Nalika Udan ing Swasana Lodhang
Udan jogedake krikil-krikil
Ing grojogan
Gegodhongan mental-mentul
Melu mathuk manthuk-manthuk
Segere sesuketan
Kena sesuketan
Melu ndedinga
Marang bungahe kahanan
Muga-muga langit
Tansah ngedum kawicaksanaan

Ing lurung buri omah
Banyu kumembeng ing blumbungan
Gumerah rame suwarane
Kodhok – kodhok melu tetembangan
Sesautan

Senajan mung suwasana ngene
Wis bisa nuwuhake syukur
Kang gedhe