Tolong diubah jadi ngoko alus ya

Posted on

1. simbah wetenge lara ayo diterake priksa neng puskesmas
2. budhe klambine anyar rupane abang rada peteng sithik
3. ibu lunga menyang pasar tuku beras lan gula jawa
4. pakdhe mangkat menyang sawah numpak pit onthel
5. bapak mulih saka kantor banjur ndelok tv karo ngombe kopi
6. mas jodhi mangan sega pecel nganggo dadar endog bebek
7. mbak cangik wingi tuku salak menyang pasar sepuluh kilo.
8. pamanku ngingu pitik akehe satus telung puluh
9. mbak lastri dodol sega kucing neng cedhak sekolahku.
10. mbah dipo anak-anake wis padha omah-omah ka

Tolong diubah jadi ngoko alus ya

Ngubah dadi basa Ngoko Alus!

1. simbah wetenge lara ayo diterake priksa neng puskesmas.

➡️ simbah madharane lara, ayo diteraken priksa neng puskesmas.

2. budhe klambine anyar rupane abang rada peteng sithik.

➡️ budhe rasukane anyar rupane Anang rada peteng sithik.

3. ibu lunga menyang pasar tuku beras lan gula jawa.

➡️ ibu tindak menyang pasar mundhut beras lan gula Jawa.

4. pakdhe mangkat menyang sawah numpak pit onthel.

➡️ Pakdhe bidal menyang sawah nitih pit onthel.

5. bapak mulih saka kantor banjur ndelok tv karo ngombe kopi.

➡️ bapak kondur saka kantor banjur mirsani tv Karo ngunjuk kopi.

6. mas jodhi mangan sega pecel nganggo dadar endog bebek.

➡️ mas jodhi dhahar Sega pecel nganggo dadar endhog bebek.

7. mbak cangik wingi tuku salak menyang pasar sepuluh kilo.

➡️ Mbak cangik Wingi mundhut salak menyang pasar sepuluh kilo.

8. pamanku ngingu pitik akehe satus telung puluh.

➡️ pamanku ngingah pitik akehe satus telung puluh

9. mbak lastri dodol sega kucing neng cedhak sekolahku.

➡️ Mbak Lastri sadeyan Sega kucing neng cedhak sekolahanku.

10. mbah dipo anak-anake wis padha omah-omah.

➡️ Mbah Dipo putra putrane wis padha omah omah.

Pembahasan

Basa Ngoko ana 2 :

⏺️ basa Ngoko lugu, yaiku basane Ngoko nanging ora dicampur karo basa Krama Alus.

>> tuladha :

  • Kowe Karo sapa dolan mrene?
  • aja suwe suwe, mengko Selak tutup!

2. basa Ngoko Alus, yaiku basane Ngoko nanging wis kecampur antara basa Ngoko lugu lan Inggil.

>> tuladha :

  • Panjenengan iku sapa?
  • daleme ngendi, kok nganthi teka kene!

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13