Triyana : Hallo …Assalamualaikum

Posted on

Pak Robba : Wa'alaikumsalam
Triyana : Leres menika Nomer telponipun Nur Muamillah lare SMK Baitus kelas X ?
Pak Robba : O…ya iki sapa ?
Triyana : Kula Triyana Pak, kanca setunggal kelas wonten ing sekolah. Lha Nur Muamillahipun wonten Pak ?
Pak Robba : O… kowe ta ndhuk. Ana Nur ning kamar, jare nggarap tugas IPA. Apa arep ngomong karo Nur, yen ya tak undangake.
Triyana : O…nggih Pak kula badhe matur kaliyan Nur Bab tugas IPA ingkang dipundamel.
Pak Robba : Ya … aja ditutup dhisik, tak undhangeke sedhela.
Triyana : Matur Nuwun Pak.
Nur M. : Hallo … Triyana ya, ana apa kok kadingaren nelpon, sajak penting ki ?
Triyana : O…ya Aku mbok ya diajari nggarap tugasIPA, tak dolan nyang omahmu ya, sekaliyan bisa sinau bareng ?
Nur M. : Wah panemu apik kuwi, ya dak tunggu, aja nganggo suwe lho tekane.
Triyana : Assalamualaikum
Nur M. : Wa'alaikumsalam
Pranyatan ing ngisor iki kang bener, manut teks pacelathon ing dhuwur …
Select one:

a. Triyana lan Nur Muamillah kuwi kanca sekelas ning SMK Baitussalam
b. Triyana lan Nur Muamillah kuwi kanca ing SMK Baitussalam nanging beda kelas
c. Triyana kuwi kancane Nur Muamillah nanging beda Sekolah
d. Triyana kuwi sedulure Nur Muamillah
e. Triyana kuwi putrine Pak Robba​

Triyana : Hallo …Assalamualaikum

Jawaban:

a. Triyana lan Nur Muamillah kuwi kanca sekelas ning SMK Baitussalam