TUGAS : SELASA,28 JULI 2020

Posted on

Wacan ing ngisor wacanen kanthi setiti!
KELANGAN SEPATU
Kaya padatan yen dina Rebo sore,Gandung,Indri,Tutik,lan Warsono padha latihan
karate ing ruang aula sekolahan.Bocah papat kuwi pancen seneng olahraga bela dhiri,mula
ora maido yen awake bregas.
Latihan diwiwiti jam papat sore.Kabeh wis nganggo seragam karate.Sore kuwi bocah-
bocah padha semangat anggone latihan.Jurus-jurus sing diwulangake Pak Dirjo bisa ditiru
kanthi gampang.
Emane sore iku ana kedadeyan sing rada gawe kisruh .Sepatune Gndung ilang .
Biyasane bocah-bocah yen latihan karate sepatu dicopot banjur dipanggonake ing papan
Wadhah sepatu.
Dasar Gandung bocahe rada gembeng,mula mripate wis wiwit mbrabak.Kanca-kancane padha usrek melu nggoleki,nanging meh seprapat jam durung bisa ketemu.
Pak Dirjo guru karate uga melu nggoleki.Tutik lan Indri sing kondhang paling sregep ora keri.Kelebu Waesono sing tukang cengengesan uga ketok melu bingung.
“Mas Gandung,mau sepatumu kokselehake ngendi ?Coba dieling-eling!”aloke
Pak Dirjo.
“Inggih wonten mriki Pak,panggenan wadhah sepatu,,”wangsulane Gadhung.
Nalika kabeh isih padha bingung nggoleki sepatune Gandung,dumadakan Gandung mbengok ana njero tas..seru banget.
‘Pak,niki sepatune kula!”
Kabeh padha kaget campur anyel ngawasake Gandung kang lagi mbukak tas.
Jebule sepatune Gandung ana njero .Kabeh-kabeh padha nyalahake Gandung sing lalenan.

Sawise maca,coba wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1.Sapa wae paraga/tokoh carita ing dhuwur mau?
2.Tulisen ngendikane Pak Dirjo nalika takon sepatune Gandung!
3.Kepriye watake totoh-tokoh carita ing dhuwur?
4.Apa tema carita mau?
5.Kepriye bisane ketemu sepatune Gandung?

*Tulis jawabannya saja!

,​

TUGAS : SELASA,28 JULI 2020

Jawaban:

  1. gandung, indri, tutik lan warsono
  2. mas gandung, mau sepatumu kokselehake ngendi?coba dieling eling!
  3. seneng olahraga bela dhiri
  4. kesalahane gandung
  5. amarga karo pak dirjo dikongkon ngeling ngeling lan dumadakan sepatune ana ing njero tas

Penjelasan:

aja lali follow (lek bener)

*jangan lupa follow (kalau benar)*