Tulisno isi piwulag tembang wulangreh

Posted on

Tulisno isi piwulag tembang wulangreh

Jawaban:

Piwulang ing serat wulangreh iku maneka warna. Pustaka kang ditulis dening Sunan Pakubuwono ka-IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Isi piwulange yaiku 1) Pupuh Dandhanggula isine bab cara milih guru; 2) Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kancha; 3) Pupuh Gambuh isine larangan ndue watak adigang,adigung,adiguna ; 4) Pupuh Pangkur isine bab tata karma, mbedakake ala lan becik, sarta cara ndheleng wataking manungsa ; 5) Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah ; 6) Pupuh Dhudhuk wuluh isine cara ngawula marang raja ; 7) Pupuh Durma isine carane ngandhaleni hawa nepsu ; 8) Pupuh Wirangrong isine bab alabecik perilaku ; 9) Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mengerteni isining wacan ; 10) Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan syukur ; 11) Pupuk Asmarandhana isine bab nindhakake ajaran agama ; 12) Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku ; 13) pupuh girisa isine pesan sarta donga sang pujangga. Mangga padha mulasara kabudayan Jawi iki, mligine pupuh sinom.