Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 43 – 44! Perang Baratayuda, perang gedhe antara Pandawa lan Kurawa manggon ing Tegal Kurusetra wis nuwuhake raja pati lan kurban kang ora sethithik. Senopati Kurawa, Pandhita Drona wis gugur ing madyaning Tegal Kurusetra kaperjaya dening Drestadyumna. Sak durunge gugur, Pandhita Drona wis merjaya Raden Abimanyu senopatining Pandhawa. Pandhawa lan Kurawa banjur padha ngruki layone para senapati. Mendung peteng angendanu. Jagad prasasat peteng ndhedhet amarga wis akeh senapati kang gugur ing palagan. Perang Baratayuda durung rampung. Adpati Karna satriya ing Ngawangga madeg Senapati Kurawa maju ing palagan. Sejatine, Karna wis mangerti yen mbelani Kurawa kuwi dudu tumindak kang becik. Nanging Karna wis keputangan budi karo Du udana Raja Hastinapura kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati tegese gelem mbelani Hastina. Kapethik saka: Remen Basa Jawi Kelas V kaca 18 43. Apa kang nyebabake Karna gelem mbelani Kurawa sanadyan dheweke ngerti iku tumindak kang ora becik? 44. Ceritakna maneh 3 (telu) ukara nganggo basamu dhewe manut crita ing ndhuwur!​

Posted on

Jawaban:

43. Kang nyebabake Karna gelem mbelani Kurawa sanadyan dheweke ngerti iku tumindak kang ora becik yaiku wis keputangan budi karo Du udana Raja Hastinapura kang ambeg angkara murka.

44. Perang Baratayuda, perang gedhe antara Pandawa lan Kurawa manggon ing Tegal Kurusetra wis nuwuhake raja pati lan kurban kang ora sethithik.

Pandhita Drona sampun gugur ing madyaning Tegal Kurusetra kaperjaya dening Drestadyumna saengga jagad prasasat peteng ndhedhet amarga wis akeh senapati kang gugur ing palagan.

Adipati Karna satriya ing Ngawangga madeg Senapati Kurawa maju ing palagan padahal sejatine Karna wis mangerti yen mbelani Kurawa kuwi dudu tumindak kang becik.