Wacanen luwih maneh “K.H Abdurrahman Wachid” banjir pilah pilahen Manut strukture

Posted on

Kyai Haji Abdurrahman Wahid utawa luwih akrab ditimball Gus Dur miyos ing Jombang, Jawa Timur tanggal 7 September 1940 kanthi asma asli Abdurrahman Adakhil, sing tegese sang penakluk. Amerga tembung "Adakhil" ora cukup dikenal, banjur diganti "Wahid" sabunjure luwih dikenal Gus Dur. Ditimbali Gus iku kanggo ngajeni marang putra kiai ing pesantren sing tegese "abang utawa mas Gus Dur putra pambarep, enem sasedulur saka kulawarga kinurmat. Eyang kakung saka ramane, K.H. Hasyim Asyari, minangka pendiri Nahdlatul Ulama (NU), Sauntara iku eyang kakung saka pihak ibu, K.H. Bisri Syansuri, guru pesantren wiwitan ing kelas putri. Ramane K.H. Wahid Hasyim minangka sosok sing aktif ing Gerakan Nasionalis lan dadi Menteri Agama Taun 1949, sauntara ibune Ny. Hj. Sholehah minangka putri pendiri Pondok Pesantren Denanyar Jombang. Taun 1944 Abdurrahman Wahid pindhah saka kutha asale jombang, tumuju Jakarta ndherekake ramane sing kapilih minangka ketua wiwitan Partai Majelis Syuro Muslimini Indonesia disingkat "Masyumi". Sawise deklarasi kamardikan indonesia tanggal 17 Agustus 1945, Gus Dur kondhur ing Jombang nganti sasuwene perang ngukuhi kedaulatan Indonesia saka bangsa Walanda. Panjenengane bali ngetutake ramane ing pungkasan paprangan taun 1949 amerga ramane kalantik minangka Menteri Agama. Gus Dur sekolah ing SD Kris sadurunge pindhah ing SD Matraman Perwari. Taun 1952 ramane ora njabat Menteri Agama, nanging piyambake isih tetep ing Jakarta. Taun 1953 wulan April ramane seda amerga kacilakan. Taun 1954 nutugake pendhidhikan ing sekolah menengah sing wektu iku ora munggah kelas. Banjur ibune ngirim piyambake menyang Yogyakarta. Sawise lulus SMP taun1957, Gus Dur miwiti pendhidhikan muslim ing sawijining Pesantren ing Tegalrejo Magelang. Taun 1959 panjenengane pindhah menyang Pesantren Tambakberas Jombang. Sawetara tetep nutugake pendhidhikan, piyambake uga nyambi dadi guru sateruse dadi kepala sekolah madrasah lan jurnalis Majalah Horizen sarta Majalah Budaya Jaya. Taun 1963, panjenengane nampa beasiswa saka Kementrian Agama kanggo nutugake pendhidhikan ing Universitas Al-Azhar, Kairo, Mesir. Taun 1970 ngrampungake pendhidhikan saka Universitas Baghdad, nanging kuciwane ora oleh pengakuan saka universitas kasebut. Sabanjure panjenengane tindhak Jerman lan Perancis sadurunge kondhur ing Indonesia taun 1971. Sabanjure aktif ing donyane penulis lan ngembangake pesantren. Karire minangka Jurnalis ing Majalah Tempo lan Koran Kompas sukses nanging dirasa ora bisa nyukupi kabutuhan. Kanggo tambahan, piyambake dodolan kacang lan es. Taun 1974 Gus Dur njabat Sekretaris Umum Pesantren Tebu Ireng nganti taun 1980. Taun 1980 kakukuhake minangka Katib Awwal PBNU nganti taun 1984 lan munggah pangkat dadi Ketua Dewan Tanfidz PBNU. Taun 1987 Gus Dur njabat Ketua Majelis Ulama Indonesia. Ing tar 1989 panjenengane njabat anggota Majelis Permusyawaratan Rakyat RI. Lan njabat Presiden Republik Indonesia taun 1999 tumekane taun 2001. Nalika dadi Presiden RI, Gus Dur kagungan pendekatan-pendekatan kang beda kanggo mrantasi masalah negara. Panjenengane kagungan simpatik linuwih marang Gerakan Aceh Merdeka (GAM), ngayomi etnis Tionghoa, nyuwun pangapura marang kulawarga PKI sing tilar donya, lan liya-liyane. Gus Dur uga dikenal asring nglontarake pranyatan-pranyatan kontroversial. Kurang luwih 20 wulan njabat Presiden RI pase tanggal 23 Juli 2001, MPR RI kanthi resmi nglengserake Gus Dur diganteni Megawati Sukarnoputri. Taun 2004, Gus Dur ngupaya nyalonake a maneh, nanging ora lolos kesehatan dening Komisi Pemilihan Umum. Wiwit dadi presiden Gus Dur nandhang gerah gangguan paningal, saengga surat lan buku asring diwacakake, mangkono uga nalika nyerat kudu dibantu. Panjenengane nandhang gerah stroke, diabetes lan gangguan ginjel nganti njalari sedane ing Rumah Sakit Cipto Mangunkusumo, Jakarta, dina Reba 30 Desember 2009 jam 18.45 WIB.

dikelompokkan mana yang orientasi,Prastawa, reorientasi##.
jangan ngasal, ngasal report! :)​

Wacanen luwih maneh “K.H Abdurrahman Wachid” banjir pilah pilahen Manut strukture

Jawaban:

ORIENTASI:

Kyai Haji Abdurrahman Wahid utawa luwih akrab ditimball Gus Dur miyos ing Jombang, Jawa Timur tanggal 7 September 1940 kanthi asma asli Abdurrahman Adakhil, sing tegese sang penakluk. Amerga tembung "Adakhil" ora cukup dikenal, banjur diganti "Wahid" sabunjure luwih dikenal Gus Dur. Ditimbali Gus iku kanggo ngajeni marang putra kiai ing pesantren sing tegese "abang utawa mas Gus Dur putra pambarep, enem sasedulur saka kulawarga kinurmat. Eyang kakung saka ramane, K.H. Hasyim Asyari, minangka pendiri Nahdlatul Ulama (NU), Sauntara iku eyang kakung saka pihak ibu, K.H. Bisri Syansuri, guru pesantren wiwitan ing kelas putri. Ramane K.H. Wahid Hasyim minangka sosok sing aktif ing Gerakan Nasionalis lan dadi Menteri Agama Taun 1949, sauntara ibune Ny. Hj. Sholehah minangka putri pendiri Pondok Pesantren Denanyar Jombang.

PRASTAWA:

jombang, tumuju Jakarta ndherekake ramane sing kapilih minangka ketua wiwitan Partai Majelis Syuro Muslimini Indonesia disingkat "Masyumi". Sawise deklarasi kamardikan indonesia tanggal 17 Agustus 1945, Gus Dur kondhur ing Jombang nganti sasuwene perang ngukuhi kedaulatan Indonesia saka bangsa Walanda. Panjenengane bali ngetutake ramane ing pungkasan paprangan taun 1949 amerga ramane kalantik minangka Menteri Agama. Gus Dur sekolah ing SD Kris sadurunge pindhah ing SD Matraman Perwari. Taun 1952 ramane ora njabat Menteri Agama, nanging piyambake isih tetep ing Jakarta. Taun 1953 wulan April ramane seda amerga kacilakan. Taun 1954 nutugake pendhidhikan ing sekolah menengah sing wektu iku ora munggah kelas. Banjur ibune ngirim piyambake menyang Yogyakarta. Sawise lulus SMP taun1957, Gus Dur miwiti pendhidhikan muslim ing sawijining Pesantren ing Tegalrejo Magelang. Taun 1959 panjenengane pindhah menyang Pesantren Tambakberas Jombang. Sawetara tetep nutugake pendhidhikan, piyambake uga nyambi dadi guru sateruse dadi kepala sekolah madrasah lan jurnalis Majalah Horizen sarta Majalah Budaya Jaya. Taun 1963, panjenengane nampa beasiswa saka Kementrian Agama kanggo nutugake pendhidhikan ing Universitas Al-Azhar, Kairo, Mesir. Taun 1970 ngrampungake pendhidhikan saka Universitas Baghdad, nanging kuciwane ora oleh pengakuan saka universitas kasebut. Sabanjure panjenengane tindhak Jerman lan Perancis sadurunge kondhur ing Indonesia taun 1971. Sabanjure aktif ing donyane penulis lan ngembangake pesantren. Karire minangka Jurnalis ing Majalah Tempo lan Koran Kompas sukses nanging dirasa ora bisa nyukupi kabutuhan. Kanggo tambahan, piyambake dodolan kacang lan es. Taun 1974 Gus Dur njabat Sekretaris Umum Pesantren Tebu Ireng nganti taun 1980.

REORIENTASI:

Taun 1980 kakukuhake minangka Katib Awwal PBNU nganti taun 1984 lan munggah pangkat dadi Ketua Dewan Tanfidz PBNU. Taun 1987 Gus Dur njabat Ketua Majelis Ulama Indonesia. Ing tar 1989 panjenengane njabat anggota Majelis Permusyawaratan Rakyat RI. Lan njabat Presiden Republik Indonesia taun 1999 tumekane taun 2001. Nalika dadi Presiden RI, Gus Dur kagungan pendekatan-pendekatan kang beda kanggo mrantasi masalah negara. Panjenengane kagungan simpatik linuwih marang Gerakan Aceh Merdeka (GAM), ngayomi etnis Tionghoa, nyuwun pangapura marang kulawarga PKI sing tilar donya, lan liya-liyane. Gus Dur uga dikenal asring nglontarake pranyatan-pranyatan kontroversial. Kurang luwih 20 wulan njabat Presiden RI pase tanggal 23 Juli 2001, MPR RI kanthi resmi nglengserake Gus Dur diganteni Megawati Sukarnoputri. Taun 2004, Gus Dur ngupaya nyalonake a maneh, nanging ora lolos kesehatan dening Komisi Pemilihan Umum. Wiwit dadi presiden Gus Dur nandhang gerah gangguan paningal, saengga surat lan buku asring diwacakake, mangkono uga nalika nyerat kudu dibantu. Panjenengane nandhang gerah stroke, diabetes lan gangguan ginjel nganti njalari sedane ing Rumah Sakit Cipto Mangunkusumo, Jakarta, dina Reba 30 Desember 2009 jam 18.45 WIB.