Wuwuhan sing ana saburine tembung diarani

Posted on

A. seselan

B. panambang

C. ater-ater

D. konfiks​

Wuwuhan sing ana saburine tembung diarani

Wangsulan

Wuwuhan sing ana saburine tembung diarani…

➡️ B. Panambang.

Penjelasan

{Wuwuhan}

1. Ater-ater (Awalan)

→ Ater-ater yaiku wuwuhan sing manggone ana ing sangarepe tembung. Ater-ater iku sabenere ana akeh maceme, ning ing kene mung dirembug sing kerep digunakake kaya dene ater-ater anuswara (n-, m-, ng-, ny-), ater-ater tripurusa (dak-, ko-, di-), ka-, sa-, lan pi-.

» Tuladha :

  1. tandur + n- → nandur
  2. waca + m- → maca
  3. kopi + ng- → ngopi
  4. cakot + ny- → nyakot
  5. jupuk + dak- → dakjupuk
  6. tutup + ko- → kotutup
  7. tabrak + di- → ditabrak
  8. gawe + ka- → kagawe
  9. lusin + sa- → salusin
  10. wales + pi- → piwales

2. Seselan (Sisipan)

→ Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ing tengahe tembung. Seselan iku ana papat ing antarane yaiku –in-, -um-, -er-, lan -el-

» Tuladha :

  1. gayuh + -in- → ginayuh
  2. gedhe + -um- →gumedhe
  3. kelip + -er- → kerelip
  4. guyu + -um- →gumuyu
  5. titi + -el- → teliti

3. Panambang (Akhiran)

→ Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. Panambang iku sabenere ana akeh maceme, ning ing kene mung dirembug sing kerep digunakake kaya dene -ku, -mu, -e, -an, -i, -a, -na, -ana, -en, lan -ake.

» Tuladha :

  1. sega + -e → segane (*dudu segae)
  2. tulis + -an → tulisan
  3. suwek + -i → suweki
  4. tuku + -a → tukua
  5. sapu + -na → sapokna (*dudu sapuna)
  6. gawa + -ake → gawakake (*dudu gawaake)

Konfiks yaiku wuwuhan gabungan antarane ater-ater lan panambang sing digunakake bareng ing sajroning tembung lingga.

» Tuladha :

  1. Kekeselen » ke + kesel + en.
  2. Kewaregen » ke + wareg + en.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 – Kepahlawanan

Kata Kunci : Ater-ater, Seselan, Panambang

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

—————————–

Semoga membantu.